Naskah Wayang

nama-nama tokoh dibawah ini

DYD= Duryudana

Bis= Bisma

KRN= Adipati Basukarna

SKN= Sengkuni

DNO= Durna

DYD      : Dereng dangu rawuh paduka kanjeng eyang ing Talkandha, wonten setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu konjuka pepada paduka kanjeng eyang ing Talkandha.

BIS       : Iya putu prabu, pangabektine putu prabu wus tak tampa ing tangan loro kapetegake ing pranaja rumeket ing wardaya mimbuhana bawa leksana, amung pudyastawaning pun kaki marang putu prabu di-age tampanana.

DYD      : Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka kanjeng eyang ing Talkandha kapundhi ing mestaka dadosa jimat. Miwah dereng dangu rawuh jengandika bapa Druna ing setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken pambagya basuki.

DNO      :     O inggih ngger gusti kula ingkan sinuwun, kula cadhong tangan kula kalih, paring pembage paduka ingkang rumentah dhateng ingkang bapa ing Sokalima.

DNO      :     Namung kula misungsung pudyastuti konjuka paduka gusti kula ingkang sinuwun, kawula nok non.

DYD      : Enggeh bapa, kula tampi damel bingah ing manah. Dereng dangu rawuh paduka kakang prabu ing Ngawangga, kula ngaturaken panakrama pambage konjuka paduka kanjeng kaka prabu.

KRN      : Inggih yayi, kula cadhong ing tangan kula kekalih sih panakraminipun yayi prabu ingkang rumentah pun kakang. Kula kalungaken ing jangga kapeteg ing pranaja, namung pudyastawaning pun kakang tumanduka paduka yayi prabu.

DYD      : Enggeh kakang prabu, kula tampi ing tangan kula kekalih paring pangestu paduka kanjeng kaka prabu. Paman, paman Sengkuni.

SKN      : Kula wonten pangandika ingkang adhawuh sinuwun.

DYD      : Durung sawatara pakenira seba ing ngarsa manira, paran raharja paman.

SKN      : Inggih, raharja sowan kula ing ngarsa  paduka gusti kula ingkang sinuwun, namung  sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu mugi konjuka sahandap ing pepada.

DYD      : Enggeh paman, kula tampi, namung dhawaha sami-sami. Kajawi saking menika  eyang, eyang ing Talkandha.

BIS       : Apa  ngger putu prabu.

DYD      : Pinten-pinten raos  ingkang kula kandhut wonten salebeting sanubari, kirang langkung tigang candra ing kalenggahan menika, saweg badhe kababar karana paduka sampun kepareng rawuh wonten ing setinggil Nagari Astina, mboten sabab saking menapa melang-melanging manah ngraosaken tingkah pakartining bapa Pandhita Druna anggenipun anggung reraketan lan para kadang-kadang kula Pandawa. Senadyan, kula lan para wayah paduka Pandawa maksih daging-madaging, sami-sami trah Begawan Wiyasa, nanging ing tat gelar sadherek salebeting batos, dumadosing Pandawa kula anggep satunggaling klilip, ngibaratipun kula tiyang lumampah, dados satunggaling pepalang ingkang ageng. Langkung-langkung magepokan kaliyan suraosing  jangka jangkaning Dewa kodrating  jagad, kauling para brahmana resi, bilih ing jagad perang ageng ingkang kaping sekawan sinebat Bratayuda Jayabinangun, tetandhinganing Pandawa lan Kurawa. Mangka nyatanipun bapa ing Sokalima menika wonten Nagari Astina kajunjung minangka dados pujangganing nagari, menawi idheping tekad katresnanipun mangro tingal, mboten mligi dhateng para Kurawa, mboten wande ing tembe tumapaking Bratayuda, lumadosing prang para Kurawa namung badhe anjejereng wirang. Ingkang menika dhuh kanjeng eyang, wontena suka-lilaning panggalih peparing wawasan murih priyogining lampah sampun ngantos kadlarung-dlarung pakartining  Pandita Druna ingkang nyatanipun damel ribeting raos kula.

14 Tanggapan

  1. SKN itu temannya SSN ya pak dalang,
    aku tak nunggu kalau perang saja

  2. inggih pak, di tinggal tuku wedang jahe sikkkk hehehehe

  3. pa koe pke bahasa jawa q ora gerti heee

  4. ora iso boso jowo….
    kursusin aku..

  5. puniko ceritanipun punopo to pak? kulo nembe tangi niki…(tangi turu, maksude! ngko dikira apane nyong sing tangi..)

  6. [...] Borneo yang digawangi Budi Santosa, Akhta Sulasfian, Yusman, Ngatirin dan Bayu Putra, mulai bersiap-siap mengibarkan bendera. Aktivitas mereka yang selama ini masih [...]

  7. ne mayang ojo lali kbre aku arep ndilo sampe ele

  8. kapan aku bs belajar mayang dgn pak dalang sambil banyolan ala guru

  9. waduh pak,,,,,,,,,,ada versi bB.Indonesianya ga pak???maklum, saya ga ngerti2 banget B.Jawa pak.
    Nanti saya minta ajarin ya pak B.Jawa nya pak ya,hehe

  10. waduh pak,,,,,,,,,,ada versi B.Indonesianya ga pak???maklum, saya ga ngerti2 banget B.Jawa pak.
    Nanti saya minta ajarin ya pak B.Jawa nya pak ya,hehe

  11. Sebagai seniman yang juga pendidik baik jika memberikan wawasan baru dalam bidang seninya karena Dalam kehidupan bermasyarakat, berbangsa, dan bernegara secara keseluruhan, guru merupakan unsur strategis sebagai anggota, agen, dan pendidik masyarakat. Sebagai anggota masyarakat guru berperan sebagai teladan bagi bagi masyarakat di sekitarnya baik kehidupan pribadinya maupun kehidupan keluarganya. Sebagai agen masyarakat, guru berperan sebagai mediator (penengah) antara masyarakat dengan dunia pendidikan . Dalam kaitan ini, guru akan membawa dan mengembangkan berbagai upaya pendidikan di sekolah ke dalam kehidupan di masyarakat, dan juga membawa kehidupan di masyarakat ke sekolah.

  12. ora ngerti aku pak pak,,,

  13. [...] dana tersebut di lab Komputer SMAN 1 Dusun Tengah bersama Para Pembina kami yaitu Pak Bayu, Pak Ngatirin, Pak Edi, Pak Siswoyo, dan Pak [...]

  14. luar biasa, jangkepan lakon yang layak jadi rujukan, nih, ki wowos. matur nuwun sanget menggah sedaya anggitanipun ingkang sampun kapajang wonten ing blog.

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.