nama-nama tokoh dibawah ini
DYD= Duryudana
Bis= Bisma
KRN= Adipati Basukarna
SKN= Sengkuni
DNO= Durna
DYD : Dereng dangu rawuh paduka kanjeng eyang ing Talkandha, wonten setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken sumungkeming pangabekti kula mawantu-wantu konjuka pepada paduka kanjeng eyang ing Talkandha.
BIS : Iya putu prabu, pangabektine putu prabu wus tak tampa ing tangan loro kapetegake ing pranaja rumeket ing wardaya mimbuhana bawa leksana, amung pudyastawaning pun kaki marang putu prabu di-age tampanana.
DYD : Kula cadhong ing tangan kula kekalih, paring pangestu paduka kanjeng eyang ing Talkandha kapundhi ing mestaka dadosa jimat. Miwah dereng dangu rawuh jengandika bapa Druna ing setinggil Nagari Astina, kula ngaturaken pambagya basuki. Baca selebihnya »
Filed under: Tehnik Dalang | Ditandai: adegan, adegan wayang, dialog wayang, naskah | 14 Komentar »













.

